Selasa, 06 November 2018

Contoh Cerkak Bahasa Jawa

                             Lahire Adhiku

Wektu iku tahun 2014 aku iseh kelas kalih SMP ten SMPN 1 Kedungadem. Iso diarani sekolahku iki sekolah ndeso, soale adoh saka jalan raya sing dilewati kendaraan gede – gede lan rame. Nanging sekolahku iki sekolah sing ndue jeneng apik. Dina kuwi aku budhal karo kancaku. Jam setengah pitu. Kancaku marani ning omahku gara – gara omahku karo sekolahku kuwi ora pati adoh. Aku budal karo kancaku sing senenge ima. Dina iki aku seneng banget ora suwi maneh aku bakalan ndue adek. Ibuku hamil wis 9 bulan. Ora bakal suwi bakalan lahir, rasane sueneng banget.
Ning sekolahan jam pitu kurang gangsal welas aku nyampe sekolah. Dina senin dadine murid – murid wis pada baris nek tengah lapangan.
“ Nia, ndang ayo baris, cepetan selak upacarane dimulai “ bengokane Ima.
“ Iya im, ayo mlayu ae ben cepet selak keri “ jawabku nek ima karoan mlayu.
Ima iku kancaku isih kaet kelas setunggal SMP. Dadine gak heran yen aku sabendino barengan kaliyan ima. Ning sekolahku kabehe ana songo kelas, yaiku kelas VIII-A sampe VIII-I. aku ning kelas VIII-E. iso diarani ima kuwi kanaku sing paling edek karo aku. Dadine aku karoan ima wis ga ana rahasia – rahasia apa – apa.
“ Nia ngko tak nteni ndek parkiran ngarep yo “ kandane ima
“ Iyo im. Aku saiki arepe ning kantor guru ndhisek yo. Ndang tinggalo dhisik”
Bel mulih wis muni aku bebarengan kaliyan kanca – kanca metu saka kelas. Tapi aku kudu mampir ning kantor guru gar- gara kudu ngumpulno tugasku sing lagi mari rampung, tugas seni budaya, yaiku tugas gambar. Padahal aku paling ora bisa dikon nggambar, gambaranku iku uelek banget.
Akhire wis tekan omah aku didhuno ima ning ngarep omahku.
“ Tak langsung mulih ae yo. Nia aku “ Ima karoan muter sepedhahe
“ Iyo Im, ati – ati yo “ Jawabku
Aku mlebu omah karoan nggoleki bapak lan ibuku nandi. Kok sepi banget
“ Assalamu’alaikum ….. “ Aku ngucap salam.
“ Kok gaono jawaban, pada nandi iki ???” soale biasane ning omah pas aku mulih sekolah mesti isih enek uwong sing ngejawab salamku.
Aku lali nek dina iki jadwale ibukku control usg. Hahaha. Jelase wae kok aku salah gaenak sing ngejawab. Terpaksa aku golek mangan dewe. Tapi untunge ning tas isi ana jajan sing tak tuku ning sekolahan mau, dadine isih kenek kanggo ganjel leseku..
Akhire bapak lan ibuku tekan omah. Karo gawakno aku mangan, aku yow is lesu banget, ngenteni sampe saiki bar magrib. Aku langsung mangan, banjur nakokno kabare ibuk.
“piye buk, kabare adhik ?“ padahal adikku durung lahir, tapi aku wis semangat.
“alhamdulilah sehat nduk“ jawab ibuku.
Aku seneng banget krungu kabare iku, soale aku wis gasabar ngenteni adikku lahir, aku kepengen banget duwe adik lanang. Alhamdulillah jarene dokter pas usg krungu jarene adikku lanang. Aku seneng banget ora suwi maneh sing tak nteni bakalan terwujud.
“waduh, sesuk enek pr mtk, durung tak kerjakne”
Ndang sinau dhisik engko ndeleng tv maneh nduk!” ature ibuku.
Saiki dina selasa tapi pelajaran gak terlalu akeh kayata dina senin. Soale dina iki enek jadwal olahraga, tapi aku isih wedi karo gurune, soale aku lagi 1 ulan iki diwulang guruku iku. 1 ulan kepungkur aku munggah kelas XIII. Dadi kakak tingkat duweni adik tingkat yoiku kelas XII sing lagi mlebet. Dadine kudu ngekei conto seng apik supaya iso ditiru kalian adik kelas. Dina iki jadwale olahraga dikon mlayu – malayu biasane mlayu liwat jalan raya, sing ora adoh saka sekolahku sampek des sebelah, soale samping sekolahanku ora adoh wis perbatasan karo desa liyane, yaiku desa ngaglik kalihan desa kepohkidul, tapi iseh melu kedungadem karone. Aku mlayu barengn karokancaku, sapa maneh nek ga ima.
“adem yo, nia liwat sawah ngeniki, sehat barang”, karoan mlaku nek pinggirku.
“Iyo im, mlaku ae gausah mlayu, karo menikmati segere howo iki”
“Gurunr ning mburi lo ya” jawab ima karoan ngombe banyu sing dicekeli kaet mau ning sekolahan, sengojo nggawa banyu kangge missal ketelak nek ndalan.
Pegel banget rasane sikilku, wani dikon mlayu saiki langsung mlayu nek kantin tuku es sing seger kanggo ngobati ngelak sing bar mlayu iki mau. Biasa aku kalian kanca-kanca berebut cepet njupuk es saka kantin, padahal rame banget.
Mari iki isih ana 2 pelajaran maneh, yaiku bahasa inggris kaliyan bahasa jawa, dadine aku durung isa langsung mulih gara-gara pegel bar dikon mlayu-mlayu pas pelajaran olahraga iki mau.
Saiki dina jum’at, dadine nggae klambi sragam olahraga kabeh, soale ben dina jum’at mesti diadaake jum’at bersih kangge ngerumat lingkungan sekolahku. Aku budal kaliyan ima maneh sabendino, ima yo pamitan nang ibuku wes biasa, lha wis biasa kaya dulurku dewe. Aku ya pade pamitan ing ibuku. Tapi saiki gentian budhal nganggo sepedhaku ben adil.
Saiki budhale isuk sitik, soale kudu sampe sekolah jam setengan pitu dadine cepet-cepetan. Hukuman kangge siswa/murid sing keri yaiku dikon ngerisiki jedeng sekolah sing ning mburi, dadine murid pada budhal isuk-isukan.
Kaya biasane kegiatan jum’at bersih dimulai isuk iki diawali saka kegiatan senam bebarengan kalih guru-guru bebarengan kabeh. Kabeh murid baris diawasi saka kelas VII sampe kelas VIII, kelas songo gamelu soaleono kegiatan nek kelase dewe-dewe. Kegiatan wis rampung kabeh. Saiki jam pelajaran selanjutnya.
“tuuuttt …. Tuttt…… 3X” suarane hp-ku.
“Hp ku neng ndi im kok gak enek nek celanaku?” takok ing ima kalian bingung.
“lha mbuh, golek ana ndek glodokmejamu, jajal!” kongkone ima.
Iyo sik o iyo im onok nek kene ayem karonan ngangkat teleponku.
“hallo assalammu’alaikum ?” tak angkat telpon saka ibuku.
“walaikummsalam, nduk saiki ibumu arep ngahirno”. Ternyata bapak ku sing ngomong.
“nggih pak, nondi?”
“ning rs bhayangkara nduk, ngko mulih sekolah karoan paklekmu wae”
“nggih pak”
“Yowis yo nduk Assalammu’alaikum”
“Wa’alaikumsalam pak”
Aku crita ning ima nek ibuku saiki arep ngelahiro
“im, alhamdulilah adikku arep lahir saiki’
“Iyo ta nia? Piye keadaane ibumu?”
“Alhamdulilah im, dongakno ae yo muga-muga slamet sakabehe”
“Amin, terus awakmu nyusul kapan? Oh iyo nandi im ?”
“ ning bojonegoro rs bhayangkara im ngko aku mrono kaliyan paklekku mulih sekolah”
“oalah iyo ina”
Alhamdulilah aku mari sekolah wes nyampek omah. Tak wasi pakleku wis ngenteni aku amargi arepe mbarengi aku ning rumah sakit ndelok keadaane ibuku. Aku cepet-cepetan ganti klambi lan langsung adus cepet-cepetan wes gaksabar kepingin weruh keadaane ibuku lan calon adikku.
Jam wolu bengi aku kalih paklik tekan nggon. Cepet – cepet takok nang petugas nondi kamare ibukku. Alhamdulillah pas aku mlebu kamare ibukku. Ibukku keadaane sehat – sehat.
“ Assalamu’alaikum “ aku mlebu ruangan
“ Waalaikum salam. Mrenea ndhuk “ jawabe bapakku
Ning kono ana bulik kaliyan mbahku kabeh. Pada gasabar kabeh ngenteni adhiku lair. Aku yo turu ning kamar iku barengan karo wong – wong kabeh. Sabtu isuk, ibukku ngomong jarene wetenge luoro. Aku gak ngerti apa sing terjadi. Ternyata jarene dokter adhikku wis arepe lair.
Aku ngenteni ning kamar “ Ruang Operasi” kaliyan keluargaku. Gara – gara adhiku laire sesar. Aku gak kuat masi keadaane wong – wong sing tegang ngenteni keadaane adhiku karo ibuku. Aku cuman ndongo nek gusti allah.
“ Mugo – mugo adhik kaliyan ibuku sehat ya Allah. Amin “
Gong pirang menit dokter mbukak lawing lan ngongkon bapakku nunggoni ibuku jarene dokter ibuk lan adiku sehat – sehat. Alhamdulillah wae.
Pertama kali aku masi rupane adhiku sing lemu banget. Aku masi keluargaku sing seneng banget gara – gara slamet sekabehane.
alhamdulillah